Rabu, 30 Mei 2018

Piwulang 5 M (Ma) limo.
1. Mlumah
2. Murep
3. Mancep
4. Mlebu
5. Metu.
Tegese :
1.        MLUMAH...yen wong wedok tangane wis mlumah wong lanang kudu ikhlas aweh nafkah pinongko kwajiban.
2.       MUREP...wong lanang kudu iso ngrungkepi/nglindhungi keluargo sing dadi kwajibane.
3.       MANCEP...atine kudu tumanceb wis ora oleh tolah toleh bojone wong.
4.       MLEBU...iso o ngrogoh isi ati ne bojo..tegese saling pangerten.
5.       METU...ojo gampang ndudohne wadine kluargo.....

M (Ma) limo:
1. Madhep.
2. Mantep.
3. Mangan.
4. Melu.
5. Morotuwo.

M (Ma) lima.
1. Morotuwo.
2. Macem,
3. Macem.
4. Mantu.
5. Minggat.

MA LIMA
1.     MLUMAH
2.     MURÊP
3.     MODOT
4.     MLÊBU
5.     MÊTU

1.    MLUMAH... wong jêjodhohan kudu padha sêméléh rasane, baléwisma kêdah kinanti lan linambaran rasa trêsna asih saha pasrah sumarah ing Pangéran

2.    MURÊP... atêgês bisa mêndhêm wadi kang dumadi sajroning kulawarga, sing kakung bisa nyimpên wadhiné ingkang putri,  mangkana lan kosokbaléné

3.    MODOT... salakirabi kudu migunakake nalar murih bisané mulur, ngrakit ing panggalih, mbudidaya mungguh kepriye bisane cukup sandhang tedha lan pangupa jiwa.

4.    MLÊBU... ngêmu têgês, yen ana godha pangrencana kedah rinêmbug ing sajroning kulawarga luwih dhisik, aja nganti kaweruhan ing liyan 

5.    METU... bisane tambah sêsêrêpan lan pangêrten, kanggo ningkatake kawruh lahir batin, njajah désa milang kori, satêmah nuwuhake rasa yén jagad iki amba.

Cukop sak mene dhisik coretane Mbah Dharmo.
Santi..... Rahayu......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar