WOLAK-WALIK
ING JAMAN
Sing penting di anggep ora penting,
Sing ora penting di penting-pentingno
Sing apik di elek-elek,
Sing elek di apik-apik
no
Sing bener di salahno,
sing salah di
bener-bener no
Sing jane tontonan di anggep tuntunan,
Sing
mesthine tuntunan malah dadi tontonan.
Ora ono manungso sing sempurno
Ora ono manungso sing ora nduwe duso
Mulo podho enggal-enggal tobatto
Mumpung durung di timbali marang sing KUWOSO.
Jamane jaman edan,
akeh menungso podho lali
karo pengeran
Ngaku agamane Islam tapi ra gelem sembahyang
Hobine maksiat sak ndalan-dalan
Nyambut gawe podho sungkan,
bandhane tanggane
malah di gawe rayahan.
Jamane-jaman maju,
akeh wong wadon podho
kemayu,
Lek bengi podho metu ngguya-guyu,
mung trimo
mamerne pupu
Turut ngisor waru jebulle mung payu sewu.
Jamane-jaman globalisasi,
akeh uwong wis lali
karo dzat kang moho suci
Akeh santri sing podho ra gelem ngaji,
ugo
akeh kyai sing lali karo santri
Malah melu-melu rebutan kursi.
Manungso kuwi di titah podho,
nanging lek
masalah bondho di jatah bedo
Mulo manungso iku wajibpe mung usaha karo ndungo
Entuk rezeki sepiro atine seng nrimo,
ra usah
meri karo konco (sak podho-podho).
Akeh wong setres mergo urippe gak beres
Rino wengi mung mburu donyo, njur lali karo
agomo
Ojo podho ngersulo ndhak gelis tuwo
Wong yen nrimo urippe dowo
Wong sing sabar rejekine jembar
Wong yen ngalah urippe bakal barokah
Sopo sing jujur urippe makmur
Wong suloyo urippe rekoso
Wong sing sombong amale kobong
Sopo sing tlaten tembe mburi bakal panen
Akeh wong ngaku islam agamane,
tapi tumindak e
sak karepe dhewe,
Jamane wis Jaman tuwo,
akeh manungso wis angel
di toto maring tuntunane agomo
Senengane malah podho gawe duso
Tumindak duso sak bendino podho ra kroso.
Sithik-sithik ra ketoro suwi-suwi dadi cetho,
Koyo wong tumindak duso di lakoni sak bendino,
Duso lantaran omongan,
lantaran kuping lan
tangan,
Kadhang-kadhang ora kroso mergo pancen wis
kulino
Sing ati-ati kelawan waspodho
menowo siro ngobrol karo konco
Ngrasani tonggo ngojah alane liyo
Kadhang ra rumongso awak e gawe duso
Ayo mumpung durung telat,
enggal-enggal podho
tobat
timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab
Mung duso sepele kang ora di rasak ke
Nanging gedhe akibate marang awak e dewe
Mumpung isih urip ngibadaho kanthi tertip
ngelingono yen wis mati ora bakal iso bali
Mumpung isih waras ibadaho kanthi iklas
Ngelingono yen wis loro ora biso opo-opo
Mumpung isih longgar ibadaho kandi sabar
Ngelingono yen wis repot ibadah rasane abot
Mumpung isih sugih bondho dadio wong seng lumo
Ngelingono yen wis mlarat rino wengi mung
sambat
Lek wis sugih koq ora kelingan bondho iku mung
titipan
Mbok yo eling karo sanak kadang yen wis sugih
ojo mung nyawang
Tulungono wong sing kekurangan sandhang ugo
kurang pangan
Sugih bondho mung sak wetoro mbesok yen mati
ora bakal di gowo
wong sing lumo iklas amale,ngono iku bakal
akeh ganjarane
Sugihe ojo mung kangge dhewe sing mlarat mbok
di gatek ke
Dulur-Dulur Muslimin Muslimat,
Ayo Podho golek
Sangu Akhirat
Sak Durunge Ketekan Sekarat,
Ana Ing Kubur
Bakal Ditarap,
Bakal Ditakoni Karo Malaikat,
Amal Kito Ora Ana Sing Kliwat
Ayo Podho Ngelakoni Sholat,
Rina Wengi Mumpung
Sik Sempat,
Zaman Sak Iki Wis Cedhek Kiamat,
Akeh Wong
Seneng Ngelakoni Maksiyat,
Ninggalno Sholat Lan Emoh Mbayar Zakat,
Wis Kadhung
Kroso Nikmat Lali Akhirat.
Dulur-Dulur Ayo Podho Sregep Ngaji
Sak Durunge Ketekan Pati
Tinimbang Getun Ono Ing Dino Mburi
Urip ono Ndunyo Ora Bisa Dibaleni
Konco-Konco Sing Sik Seneng mendem-mendeman
Dulur-Dulurku Sing Seneng Togelan
Ayo Podho Dicegah Gak Terus-Terusan
Sebab Mendem Koyo Wong Edan,
Seneng Togelan
Ngrusak Masa Depan
Seneng Tombokan Gak Iso Dadi Jutawan
Sing Akeh Mari Oleh Tambah Jorjoran
Wong Main Ngono Direwangi Syetan,
Dijak Seneng
Gawe Konco Langganan
Konco Nom-Noman Sing Sregep Nyelengi,
Yen Wis Akeh Duite Digawe Rabi
Calon Bojone Yo Iso Nyenengi,
Morotuwane Yo
Melok mbungahi
Sregep Tangi Ing Tengah Wengi
Dulur-Dulur Ayo Podho Sadhar,
Sak Durunge Ketekan Modar
Tinimbang Getun Gak Kenek Dibayar
Urip Ndhik Ndunyo Iku Mung Sak Gebyar
Mumpung durong podho buyar.
Cukop
sakmene dhisik mergo ora ono sing mbayar :)